Selasa, 28 Juli 2015

REUNI SDN GADING II

Senin Sore (27 Juli 2015)  ana ing Setro Baru IV Surabaya dianakke Reuni murid SDN Gading II lulusan tahun 2008. Sing teko kiro-kiro ono wong selawe. Sederhana lan akrab banget. Aku ngrungoke celotehe bocah-bocah naliko 7 tahun kepungkur. Bocah-bocah nyampekake uneg-unege nalika ndak ulang. Polos-jujur-berani nyampekake isi atine. Aku dhewe ngrungokake celotehe bocah-bocah kanthi seneng banget. Ilmu kang ndak wenehake naliko semana, saiki wis ana kasile. Bocah-bocah ora ono sing dendam, senajan jaman samono isih diulang nganggo kekerasan. Kabeh saiki akeh sing sik kuliah. Ning ugo ana sing wis kerjo. Aku ndonga muga-muga kabeh bisa kasil gegayuhane. Maturnuwun karo wong tuwone lan bocah-bocah.