Senin, 13 Juli 2015

WO GRATIS

     Upamane Panganan gratis wis ludes. Es Krim Gratis wis ora karu-karuan, koyo ing Taman Bungkul. Nanging iki Wayang Wong Gratis. Sing nonton mesthi ngisore 100. Senajan koyo ngono, aku karo kang rayi, mesthi nonton. Sawulan Pisan ana ing Gedung WO THR dianakake Pentas Gratis kanggo Ludruk, Kethoprak, lan Wayang Wong gantian. Seniman Suroboyo sejatine akeh kang isih ngleruri kabudayan Jawa. 
     Nalika isih THR lawas (durung ana Mall), Kesenian telu mau dianakake ana 3 gedung. Saiki Mung siji. Gedung Liyani mangkrak. Uga ono Pentas Srimulat ana ing Gedung kang kaping 4. Pemkot Surabaya wis ora kurang anggone mbudidaya supaya tontonan mau laris manis. Nanging kepriye maneh, sarjana Seni akeh sing melu nggedekake 3 tontonan mau. Teater lan juru sungging isih rada lumayan penontone, manawi ngadakake Pegelaran utawa Pameran. 
     Manawa LUWAK (Ludruk Wayang lan Kethoprak) koyo kopi, apamaneh ana sing nyeponsori lan kolaborasi karo artis, terus gedhunge AC, Sound Systeme Ngejos, ndak kiro bakal rame maneh. Generasi mudha melu nyengkuyung uripe budhaya LUWAK. Moga-moga ana keajaiban,















































Tidak ada komentar:

Posting Komentar