Selasa, 02 Juli 2013

MAKANI PITIK DI DELOK ADIK

Sawise Magrib, Mas Kifo makani pitik. Cacahe ono loro. Sing siji pitik kate ulese putih. Sing liyane ulese abang. Anggone makani disuntek. Dheweke ora wani nglebokke liwat lawange kurungan, amarga wedi yen pitike mlayu saka kandhang. Anggone makani di delok karo adike kang paring asma Oktavia. Mamane Kifo, karo adik Oktavia lan budhe riah ugo melu nonton. Bocah loro kuwi asring gegeran. Mas Kifo kudu ngalah amarga adik Oktavia isih durung ngerti. Manawa diganggu adik Oktavia bengak-bengok lan seneng nyokot.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar