Minggu, 21 Juni 2015

NONTON KETHOPRAK THR

Minggu, 21 Juni 2015. Dinten punika kula ambali malih bilih kawula sowan wangsul Gedung THR kepingin mriksani Kethoprak kalihan Cucu lan garwa. Kethoprak "SETYO BUDOYO", lakonipun SUDHIRO PRONO (Siluman Macan Putih). Anggen kulo pengin supados mangke generasi penerus lewat kang wayah sageda nguri-nguri kabudayan ingkang sampun kembang kempis. Senajan gratis, penontonipun fanatik. Penonton enggal jarang nglirik tontonan punika. Sound system ingkang dipundamel, suantenipun sok-sok kepireng, sok-sok ilang. Anggenipun ndamel cerita kirang menarik tumrape jaman samangke. Mugi-mugi Profesor seni lan ingkang gadhah kepedulian budaya punika sageda inggal-inggal turun lapangan saenggo mbenahi property pendukung lan SDM. Monggo sedherek, nguri-nguri budaya adi luhung.

















Tidak ada komentar:

Posting Komentar