Sabtu, 20 Juni 2015

NONTON WAYANG WONG

     Dino Jumat malem Sabtu, tanggal 19 Juni 2015 Oktavia ndeleng wayang wong karo Mbahe saka Kalidami. Wayang Wong kang ditonton ana THR lakone Prahoro Madukoro alias Mayat Hidup seri Horor. Naliko ona Pocong metu, dheweke nutupi mripate nganggo jarit. Ning karo ngintip. Sabanjure dheweke malah ngguyu-ngguyu. Sajrone nonton, Oktavia ngoceh terus lan seneng ndeleng ono mburi, amarga ing mburi ono bocah kang sabaya umure karo dheweke. Naliko adegan Gareng, Petruk, lan Bagong dheweke uga ngguyu ngakak. Sadurunge nonton wayang, dolanan mbandulan, slurutan, lan jungkat jungkit. Wayang bubar dheweke tetep melek lan pungkasane keplok-keplok. Wayang bubar jam sewelas bengi. 
      Muga-muga mengko gedhene bisa nguri-nguri kabudayan leluhur kang wis Sirna. Tontonan Wayang ing THR sakjane Gratis, nanging sing nonton ora ono separone gedhung. Beda manawa wayang Wong diadakake ing Gedung Cak Durasim mbayar Rp 50.000,00. Mbayar sing nonton akeh. Gratis sing nonton sethithik. Apa sebabe ?






























Tidak ada komentar:

Posting Komentar